Psalms 18
1 Kanggo pimpinan musik. Saka Dawud, abdine Yahweh. Dheweke nyanyekake lagu iki kanggo Yahweh pas dina Yahweh nylametake dheweke saka kabeh mungsuhe lan saka Saul. Dheweke ngomong, "Aku tresna marang Panjenengan, Yahweh, kekuwatanku!"
2 Yahweh kuwi gunung batuku, atos kaya watu! Gusti kuwi panggonanku sing aman lan kuwat! Gusti kuwi sing mbebaske aku! Gusti Allahku kuwi watu panggonanku ndelik! Gusti kuwi tamengku! Gusti menehi kekuwatan supaya aku tetep maju! Gusti ngadeg kaya menara sing ora bisa ambruk!