Genesis 1

1 Ing wiwitan Gusti Allah nyiptakaké kabèh, bumi ing ngisor lan langit ing dhuwur.

6 Gusti Allah ngendika maneh. "Coba ana awang-awang kanggo misahake banyu dadi loro."

9 Gusti Allah ngendika maneh. "Coba banyune ngumpul ing siji panggonan. Supaya katon lemah sing garing." Lan tenan kelakon.

11 Gusti Allah ngendika maneh. "Coba lemah iki nukulake tetuwuhan. Suket. Wit-witan sing awoh lan ana wijine ing njero." Lan tenan kelakon.

14 Gusti Allah ngendika maneh. "Coba ana pepadhang ing langit kanggo misahake awan lan bengi, dadi tenger kanggo mangsa, dina, lan taun."