Genesis 9

1 Gusti Allah mberkahi Nuh lan anak-anake. "Nduwea anak sing akeh. Kebakana bumi iki karo manungsa."

2 "Kabeh kewan bakal wedi karo kowe. Kabeh manuk bakal mabur ngadoh nek kowe nyedhak. Kabeh iwak ing segara saiki dadi duwekmu."

20 Nuh ngedhuk lemah. Dheweke nandur wit anggur. Dheweke dadi petani.

21 Dheweke nggawe anggur. Terus diombe. Kakehan. Dheweke mabuk lan semaput ing njero kemahe. Wuda.

22 Ham mlebu. Weruh bapake ngglethak ing kono. Ora nganggo klambi. Dheweke mlayu metu lan ngandhani sedulur-sedulure apa sing didelok.