Genesis 50
4 Pas wis ora padha nangis maneh, Yusuf nemoni abdi-abdine Pringon. "Yen aku isih penting kanggo kowe, tulung sampekake pesen iki menyang Pringon."
10 Dheweke kabeh tekan panggonan sing jenenge Atad. Liwat Kali Yordan. Ing kono dheweke padha nangis seru kanthi sedhih banget. Yusuf nangisi bapake pitung dina suwene.
12 Anak-anake Yakub nindakake kabeh sing diomongake bapake.
15 Bapake wis mati. Rasa wedi nutupi sadulur-sadulure Yusuf kaya ayang-ayang. "Piye yen Yusuf pranyata ngenteni wektu iki? Piye yen dheweke akhire mbales kabeh sing wis awake dhewe lakoni marang dheweke?"
24 Yusuf nyeluk sadulur-sadulure supaya nyedhak. "Waktuku wis meh entek. Nanging Gusti Allah eling marang kowe kabeh! Dheweke bakal teka! Dheweke bakal nuntun kowe metu saka tanah iki lan nggawa kowe mulih menyang tanah sing dijanjekake marang Abraham, Iskak, lan Yakub!"