Genesis 46

1 Israel ngemasi kabeh barang darbeke. Dheweke mangkat ngliwati dalan. Dheweke mandheg ing Bersyeba. Ing kana dheweke mbeleh kewan lan dikorbanake kanggo Gusti Allahe bapake sing jenenge Iskak.

5 Yakub budhal saka Bersyeba. Anak-anake ngunggahake dheweke menyang kerta sing dikirim Firaun. Dheweke uga nglebokake anak-anake sing isih cilik lan bojone.

28 Yakub ngongkon Yéhuda ndhisiki kanggo nemoni Yusuf. Yéhuda bakal nuduhake dalan menyang Gosyen. Banjur, sakulawarga tekan ing Gosyen.

29 Yusuf nyiapake kretane. Dheweke age-age budhal methukake bapake, Israel, ing Gosyen! Pas ketemu, Yusuf langsung ngrangkul gulune bapake. Dheweke nangis suwe banget.

31 Yusuf ngomong marang sedulur-sedulure lan kabeh wong ing kulawargane bapake, "Aku arep nemoni Firaun. Aku bakal ngandhani yen kowe kabeh wis teka saka Kanaan kanggo kumpul karo aku."