Genesis 41

1 Rong taun muput wis lumaku. Terus ing sawijining wengi raja ngimpi. Dheweke ngadeg ing pinggir kali sing gedhe.

37 Firaun krungu kabeh iki. Semono uga para pamimpine. Dheweke kabeh manthuk. Kuwi rencana sing apik.

46 Umure Yusuf telung puluh taun nalika dheweke ngadeg ing ngarepe Firaun, raja Mesir. Sakwise dina kuwi, dheweke mlaku menyang kabeh pelosok tanah kanggo nindakake gaweane.

50 Sadurunge taun-taun kelihan teka, Yusuf duwe anak lanang loro. Bojone, Asnat, anak wadone Potifera, imam ing On, nglairake anak-anak kuwi.