Genesis 38
1 Ing wektu kuwi, Yéhuda ninggalaké sedulur-seduluré. Dhèwèké lunga nginep nang nggoné kancané sing jenengé Hira saka Adulam.
6 Yéhuda nggolèkaké bojo kanggo anak mbarepé sing jenengé Èr. Jenengé Tamar.
12 Wis pirang-pirang taun liwat. Bojoné Yéhuda mati. Sakwisé mari sedhih, dhèwèké lunga menyang Timna arep nyukur wulu wedhusé. Kancané, Hira, mèlu.
20 Yéhuda ngirim wedhusé liwat kancané sing jenengé Hira. Hira budhal njupuk barangé Yéhuda manèh. Nanging dhèwèké ora nemokaké wong wadon mau.