Genesis 35

1 Gusti Allah ngandika marang Yakub. "Ngadeka. Lungaa menyang Betel. Manggona ing kana. Gawea mesbah kanggo Aku. Aku iki Gusti Allah sing nemoni kowe nalika kowe mlayu saka Esau."

16 Dheweke padha lunga saka Betel. Dheweke wis meh tekan ing Efrata. Rakhel wiwit krasa arep nglairake bayine. Larane jan lara banget. Banget-bangeten.

21 Israel nerusake mlakune. Dheweke ngadekake tendhane ngliwati menara Eder.

22 Nalika Israel manggon ing kana, Ruben nindakake tumindak sing ala banget. Dheweke turu bareng Bilha. Bilha kuwi bojone bapake. Israel krungu apa sing ditindakake Ruben. Yakub nduwe anak lanang rolas.

23 Lea nglairake enem. Ruben. Simeon. Lewi. Yehuda. Isakhar. Zebulon.